Senin, 05 Maret 2012

wisata kuliner ning Tegal

Yahooo everybody!!
Balik maning kyeh karo Nesa.Durung pada kangen oya?wkwkwk. Bocah bocah,lagi wingi kan dewek uwis  mlaku mlaku ning panggonan wisata ning Tegal,saiki dewek pan mlaku mlaku maning.Tapi saiki temane : WISATA KULINER!
Kayonge mlaku mlaku ora asik adong ora mangan mangan oya? Nah,saiki enyong pan mbahas panganan apa bae sing ana ning Tegal.

1 PONGGOL
Kayong ora asyik keh maring Tegal tapi ora sarapan ponggol.Adong sing seneng pedes- pedes bisa nyacak Ponggol Setan sing pedese kaya singgat.Tapi rasane..hemm yummy.Uenaak poll!




Sing dodol PONGSET (ponggol setan)





2. LENGKO
Panganan Khas Tegal sing siji kiye akeh fans e lho! Awit bocah cilik anjok wong tua kabeh pada seneng lengko.Lha,ngomong ngomong lengko apasih? Keh,lengko kuwi panganan sing isine sega sing nduwure ditaburi sayuran,ana timun,toge,kol tapi sayurane kue mentah kabeh plus tempe lan tahu goreng sing diiris cilik cilik.bar kue disiram atik bumbu kacang lan ditaburi brambang goreng.rasane,jempol!



3.SAUTO TEGAL
Yuhuy,kiye keh poanganan khas Tegal sing paling beken.Yups!Sauto Tegal.Sauto Tegal kui beda adoh karo soto Semarang sing kuahe jernih lan rasane seger.Sauto Tegal juga beda karo soto kudus/soto sulung sing kuahe kuning,Sauto Tegal kuwi luwih mirip karo Tauto Pekalongan.Lha,memang apasih ciri khas e Sauto Tegal?Yak bener  100 nggo kowen!Sauto Tegal kuwi kuahe atik tauco.Rasane..hemm..nyacak dewek bae wis ya.







4. KUPAT GLABED
Sauto uwis,Ponggol uwis,Lengko uwis,saiki gilirane Kupat Glabed!Kupat Glabed kuwi salah sijine panganan Tegal sing populer.Rasane enak.Kuahe warnane kuning kentel,ditambah karo kupat,krupuk,lan brambang goreng.Kadang kadang kupat iki dipangan bareng sate kerang/sate ayam.rasane gurih!
 
 Kiye keh sing arane Kupat Glabed lengkap karo satene


Uwis yah,ngko adong kakehen pada ngelih kabeh :)
Bye. See you next time.. :D